You Are Reading

0

Pidato HUT RI B.Jawa

Unknown Jumat, 14 September 2012

Berikut Pidato B.jawa dalam peringatan HUT RI


Assalamu’alaikum Wr.Wb

Dhumateng Kepala Dinas dikpora Kabupaten Kebumen ingkang tansah sinudarsana
Para sesepuh minangka Veteran Kabupaten Kebumen ingkang hanggung mastuti
Dhuamteng Kepala Sekolah SMA N 1 Kebumen ingkang winegku ing karahyo
Bapak/Ibu guru lan staf karyawan ingkang sinuba ing pikurmatan
Siswa-siswi SMA N 1 Kebumen ingkang tansah kulo tresnani.

Sumangga langkung rumiyin kula tuwin panjenengan sedaya samiha munjuaken puja puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rahmat, Taufik saha Hidayahipun dateng kulo lan panjenengan sedaya, pramila saged makempal wonten ing majelis punika, Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kamardhikaan Republik Indonesia ingkang kaping 67
Ingkang kaping kalih mugia tambahipun Rahmat lan salam ingkang dipun limpahaken dateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, mugiya kita sedaya saged pikantuk syafaatipun mbenjang wonten ing yaumil akhir.
Kaping tigonipun kula matur nuwun dateng  pembagi adicara ingkang sampun paring wekdal dateng kula supados  nyambut wontenipun acara menika.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Salah setunggalipun nikmatipun sangking gusti aloh ingkang ageng dipun parengaken dateng kita bangsa Indonesia, Inggih menika nikmat kemerdhikaan ingkang dipun peringati tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten menika kita peringati.
Para Rawuh ingkang kula hormati !
Menawi kita ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, menika pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih menika dipun jajah dening Belanda 3,5 abad lan Jepang 3 tahun. Ngantos pinten-pinten tahun menika Rakyat Indonesia mboten pikantuk kebahagiaan ugi keadilan. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, rakyat dipun tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing menika. Wonten ing zaman penjajahan, rakyat dipun budak kaliyan kerja rodi, tanah igkang kagem sabin dipun suwun dateng penjajah sahinggo rakyat mboten anggadahi pangan lan papan. Ing kejadian perang menika para penjjah Ngginaake senjata ingkang modern arupi tembak, pistol, bom ananging bangsa Indonesia namung senjata bambu runcing. amargi semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kita saget ngalahaken para kaum penjajah sehingga tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia pikantuk Kamardhikan Republik Indonesia.
Para rawuh ingkang kula hormati !
Kejawi sangking menika, kita ugi kedah matur nuwun dumateng para pahlawan lan para pejuang ingkang sampun jerih payah, rela berkorban jiwa raga, harta benda kangge Kamardhikaan Menika, pramila wonten ing kesempatan sahe punika mangga  kita panjataken donga mugi sedaya para pahlawan lan para pejuang ingkang sampun sukses pikantuk kamrdhikaan Negeri Republik Indonesia, menika selalu dipun bales dening Alloh, lan dipun trami jasa-jasanipun. Amin-amin yaa Rabbal alamin.
Para Rawuh ingkang kula hormati !
Sak menika panjenengan minangka siswa siswi SMA termasuk generasi penerus pewaris kamerdhikaan Pramilo panjengan anggadhahi kewajiban nerasaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Ampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang menika panjenengan  sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten manfaati.. Sebab kemerdekaan menika boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang cuma-Cuma, menika boten. Ananging berkah jasa-jasa para pejuang ingkang sampun rumiyin.
Para Rawuh ingkang kula hormati !
Ingkang terakhir sumangga, putra-putri kita sedaya, kita didik ingkang sahe lan kita arahaken dumateng perkawis ingkang sahe, supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negara Amin yaa Rabbal alamin.
Kintenipun cekap semanten atur saking kula. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng kula lan panjenengan sedaya. Mbok Menawi anggen kula matur kirang tata krami, uthawa kathah atur ingkang mboten mranani  kawula nyuwun agunging samudra pangeksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

0 komentar:

Posting Komentar